Kamis, 30 April 2015

APRESIASI CERITA WAYANG



APRESIASI RESEPTIF CARIYOS WAYANG



Kasusun Dening:
Ani hanipah (1401414426)
Kurnia widyaningrum (1401414380)
Yuana (1401414394)

FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
TAHUN PELAJARAN 2014/2015
ATUR SAPALA
                                                                                                                   

Ingkang sepisan kita ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kita saged ngrampungaken tugas punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tugas punika.

Wonten makalah punika kita nyariosaken babagan cariyos Dewi Kunthilan apresiasi reseptif cariyos wayang.         

Mugi-mugi tugas punika saged kagem renungan kita panjenengan sedaya.Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.

 

 

penyusun










DAFTAR ISI

JUDUL …………………………………………………………………………….           1
ATUR SAPALA …………………………………………………………………           2
DAFTAR ISI …………………………………………………………………….            3
PURWAKA    ..........................................................................   4
                        1.1 Lelandhasaning Masalah............................................               4
                        1.2 Undharaning Masalah.................................................              4
                        1.3Tujuan.........................................................................             5
                        1.4 Pedah........................................................................               5
ANDHARAN……………………………………………………………………             6
                              2.1  Pangertosan  Wayang ..........................................         6
                              2.2  Sejarahipun Wayang.............................................       6    
                        2.3  Sebutan wayang ..................................................        7
                        2.4 Apresiasi Reseptif Wayang.....................................        7
PANUTUP……………………………………………………………………....              11    
            3.1 Dudutan ..............................................................         11
            3.2 Saran....................................................................        11
DAFTAR KAPUSTAKAN …………………………………………………....          12
BAB I
PURWAKA
1.1 Lelandhasaning Masalah
                        Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda.budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang. wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi.Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus.Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akčh ditemoni.

1.2 Undharaning Masalah
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya sanesipun.

1.3 Tujuan
Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:
1.menapa ingkang dipuntegesi wayang?
2.kados pundi sejarahipun wayang?
3.kados pundi sebutanipun wayang menika?
4.kados pripun apresiasi reseptif cariyos wayang menika?

1.4 Paedah
Paedah saka makalah iki yaiku:
  1. KanggoMasyarakat                                                                           
    minangka papan sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten budaya wayang
    la mangertosi apresiasi reseptif wayang.
  2. Kanggo Panulis                                                                                              
    minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo
    tugas iki.






BAB II
ANDHARAN

2.1  Pangertosan  Wayang          
wayang menika pagelaran ingkang ngagemboneka umumipun. wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi.Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha.Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah. 
2.2  Sejarahipun Wayang       
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
            Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
2.3  Sebutan wayang    
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane wayang golek kang digawe seka digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayangkulit purwa.wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
2.4 Apresiasi Reseptif Wayang
Dewi Kunthi

Miturut Kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita yaiku kalebu Putri sing kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Ana ing pewayangan, Dewi Kunthi nduweni watak kang welas asih lan tresna. kawit cilik deweke wis mulai ngangsu kawruh lan ngolah batin. Dheweke ngangsu kawruh karo Resi Druwasa, guru spiritual saka Kraton Mandura. Saka Resi Druwasa, Dewi Kunthi disanguni mantra Adyitahredaya utawa Aji Pameling sing mampu nyepaki Bhatara Surya.Kamangka kuwi Dewi Kunthi ngandhut saka Bhatara Surya. Padahal wektu kuwi Dewi Kunthi isih dilamar para Raja lan satria saka manca negara. Kanggo nemtukake sapa kang bakal dadi garwane, Prabu Basukunthi nganakake saymbara "Giri Patembaya" kang isine : sapa wonge sing bisa ngalahake Arya Basudewa bakal dijodohke karo Dewi Kunthi. Ananging Prabu Basukunthi murka amarga ngerti yen anake ngandhut.apa maneh Dewi Kunthi durung nduwe garwa. amarga Raja murka, Dewi Kunthi banjur diutus maca mantra "Aji Pameling" kanggo ngrawuhake Resi Druwasa supaya ngadhep Prabu Basukunthi.amarga saka keampuhan lan kesaktiane Resi, bayi kang dikandhut Dewi Kunthi bisa lair liwat talinga. Saengga Dewi Kunthi tetep bisa kajaga keperawanane, lan bayi mau diwenehi jeneng "Karna" uga bisa diarani Suryatmaja utawa Suryaputra.
Kanggo njaga kehormatane kerajaan, Karna banjur digawa Resi Druwasa lan dilarung. Bayi mau ditemu Kusir Kreta Kerajaan Ngastina sing jenenge Adirata. Sayembara utawa perang tandhing sing digelar mau dimenangke dening Narasoma, putra Raja Mandaraka. Dewi Kunthi langsung dipasrahake. Ananging Prabu Narasoma wis ngucap sumpah ora bakal nggarwa kajaba karo Dewi Pujawati, mangka hak sayembara pindah ing Narasoma. Akhire Narasoma perang tandhing dening Pandu sing telat teka ing acara sayembara. Pandu akhire sing menang tandhing dening Narasoma, yaiku bisa ngalahake Aji Canrabirawa duweke Narasoma sing terkenal ampuh. Kunthi banjur dipasrahake.Kanggo ngakoni tanda kekalahane Narasoma, adine Narasoma kang aran Dewi Madrim uga dipasrahake dening Pandu.
Ana ing tengah ndalan nalika bali ning Ngastina, Pandu ketemu dening Arya Suman utawa Sengkuni, putra Prabu Gandara, sing sajake uga pingin milu sayembara perang tandhing. Nanging amarga telat ora sida perang, ning Sengkuni langsung nantang perang tandhing nglawan Pandu.Nanging Sengkuni uga bisa dikalahke, banjur Dewi Gendhari, adine sengkuni dipasrahake dening Raden Pandu.
Raden Pandu bali ing Ngastina nggawa telung putri. sawise tekan kraton, Pandu banjur masrahake putri-putri mau dening Ramane, Wiyasa. sabanjure Wiyasa dawuh dening Destarasta supaya milih dhisit salah siji putri mau. Destaratra milih Dewi Gendhari adine Sengkuni. Saengga putri loro mau yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim resmi dadi garwane Raden Pandu.
Saka Dewi Kunthi, Raden Pandu nduwe telung putra yaiku Puntadewa,Werkudara, lan Arjuna. Dene saka Dewi Madrim, Raden Pandu duweni putra kembar kang aran Nakula lan Sadewa.
Tatkala Negara Ngastina dipasrahake dening Prabu Destarasta, Dewi Kunthi kang wakil saka Pandhawa nganakake perjanjian supaya Prabu Destarastra nguwasani Ngastina tekan nalika. Pandhawa wis mampu nata praja. Sabanjure Ngastina bakal diserahna maneh dening Pandhawa. Perjanjian mau disaksikna Prabu Matswapati, Raja Wirata, Prabu Drupada, Raja Pancala, Resi Drona, Prabu Salya, Raja Mandaraka, lan Begawan Wiyasa. Ananging amarga pengaruh Dewi Gendhari lan Arya Sengkuni, negara Ngastina dadi bahan rebutan antara Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Kunthi lan Pandhawa nuntut baline negara Ngastina. Sawise bola-bali dirembug nanging ora ana hasile. Sabanjure Dewi Kunthi nuntut dening Prabu Matswapati lan Sri Kresna supaya dadi pinengahe pandhawa lan kurawa. Nanging amarga kabeh macem rembugan ora nggawa hasil kang becik, Dewi Kunthi lan Pandhawa nempuh sarana perang tandhing, perang Bharatayudha. Pandhawa mampu numpas bala kurawa lan wis mesti Negara Ngastina bali dadi milik Pandhawa maneh. Dewi Kunthi ngrasa wis rampung kewajibane. Prabu Destarastra lan Dewi Gendhari banjur lunga saka Ngastina lan nyepi(tapa) ing tengah alas, kuwi uga sing dilakoni dening Dewi Kunthi. Akhire Dewi Kunthi, Dewi Gendhari, lan Prabu Destarastra kebakar ana ing tengah alas.

Crita ing dhuwur ngemot unsur intrinsik, yaiku :
1.      Tema : Kehidupan Dewi Kunti
2.      Alur : Alur maju
3.      Tokoh :
Tokoh                                                              watak
1.      Dewi kunthi                                                    welas asih lan tresna
2.      Dewi Gandhari                                               ala lan licik
3.      Sengkuni                                                         ala lan licik
4.      Prabu Basuh kunthi                                         pameksa
5.      Prabu Pandu                                                    wanten lan welas asih
6.      Pandhawa                                                       becik lan pantang ngabrit
7.      Kurawa                                                           ala
4.      Latar :
a.       Latar panggonan : Ngastinapura lan Alas
b.      Latar swasana : sedih, seneng lan tegang
c.       Latar wektu : saben dina
5.      Sudut pandhang : orang ketiga
6.      Gaya basa : Campuran ( inggil lan ngoko)
7.      Amanat :
1)      Kudu bisa nepati janji.
2)      Luwih becik yen paseduluran digawe tentrem ayem.
3)      Yen dipasrahi dadi saksi kudu mampu ngrewangi mlaku ing dalan kang bener.
4)      Aja ngerebut hak e wong liya
Penokohan lakon ing crita :
1)      Lakon utama : Dewi Kunthi
2)      Lakon antagonis : Dewi Gandhari, Sengkuni lan Kurawa
3)      Lakon protagonis : Dewi kunthi, Prabu Pandu lan Pandhawa
4)      Lakon tambahan : Prabu Basuh Kunthi

















BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi.Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus.Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog, wayang Sasak, wayang Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang Klitik, wayang Suluh, wayang Papak wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat, wayang Kancil.

3.2 Saran
1. wayang iku budaya jawa asli dadi kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga kebudayaan jawa , kayata budaya wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu nunjukake budaya wayang ing tingkat internasional.




DAFTAR KAPUSTAKAN

Template by:

Free Blog Templates